SPANDUK Rp. 6.500,-/m Hub: 021-70161620, 021-70103606

Monumen Sa-abad Wong Jawa Dibangun ing Kaledonia Baru.

| | |

Pengetan sa-abad tekane wong-wong Jawa ing Suriname (Amerika Selatan) yen
ora salah wis nate dianakake ing akhir taun 1992 utawa awal 1993. Saiki ing
taun 1995 iki, genti wong-wong Jawa ing Kaledonia Baru (ing Samodra Pasifik,
sawetane Australia; awas aja kliru karo Selandia Baru) wiwit padha sibuk
arep nganakake pengetan uga ngenani sa-abad tekane wong-wong Jawa ing
Kaledonia Baru mau.
Pengetane dhewe bakal dianakake ing tanggal 16 Februari 1996, nanging saiki
wong-wong Jawa ing kapulowan mau wis padha sibuk, mbangun monumen kng manut
rancngan bakal diresmekake ing dina pengetan kasebut. Monumen mau dibangun
ing ibukotane Kaledonia Baru, Noumea.
Kaledonia Baru mujudake dhaerah koloni Perancis. tahun 1886 wong-wong jawa
kang sepisanan teka ing kapulowan mau. Yen miturut data ing Arsip Nasional
Jakarta, tanggal 16 Februari 1896 wong-wong jawa cacah 165 ditekakae ing
Noumea dening pamarentah Hindia Belanda. Wong mau disewakake marang
pamarentah Perancis minangka kuli kontrak, kang bakal dimergawekake ing
pamelikan (tambang) mangaan lan kebon-kebon klapa ing wilayah jajahan
Prancis kang dumunung ing Samodra Pasifik, sawetane Australia.
Tanggal 16 Februari iku dipengeti dening wong-wong Jawa ing Kaledonia baru
minangka prastawa kang ngandhut sejarah, lan kanggo tandha pengetan
sateruse, ing kalodhangan pengetan sa-abad iki, nedya dibangun Tugu
Peringatan. Tugu mau dirancang lan dibangun dening wong Jawa loro kang lair
ing Kaledonia Baru, yaiku Johanes Wahono lan Sudirgo.
Ny.Tubagus Isnaeni kang lair ing Kaledonia Baru taun 1940, lan saiki ngasta
daddi Bendaharane IKKB (Ikatan Keluarga Kaledonia Baru) mratelakake, menawa
kanggo nyiapake "prastawa agung" iki, wong-wong jawa kelairan Kaledonia Baru
loro wis wiwit awal sasi September kepungkur teka ing jakarta. Yaiku Ny.
Sabeni Saadi lan Omo Juliette.
Ny.Tubagus Isnaeni kang manut pangakuwane embah-embahe asale saka Sala
(Jateng) iku marang wartawan SPb mratelakake, menawa pengetan Sa-Abad Tekane
Wong-wong Jawa ing Kaledonia Baru iku mengko bakale kawiwitan sasi Februari
1996 lan rampung udakara sasi Oktober 1996. Acarane bakal diisi mawa
kegiyatan maneka warna, antarane pameran kerajinan Indonesia, pameran
foto-foto ngenani sejarah tekane wong-wong Jawa ing Kaledonia Baru,
kegiyatan-kegiyatan kesenian maneka rupa lan olahraga.
Sasuwene ana Indonesia, kanthi diterake Ny.Tubagus, wong loro saka Kaledonia
Baru mau ngumpulake bahan-bahan kanggo nulis buku tekane wong-wong Jawa ing
Kaledonia Baru.
manut keterangan, cacahe pendhudhuk koloni Prancis ing kawasan Pasifik iku
kabehe ana wong 170.000-an. Ing antara pendhudhuk cacah semono mau, udakara
wong 6.000-an mujudake keturunane wong Jawa.
Wis sawatara taun kepungkur ing Indonesia didhapuk IKKB (Ikatan Keluarga
kaledonia Baru) kang anggota-anggotane dumadi saka wong-wong Indonesia
kelairan Kaledonia Baru kang saiki bali lan tetep dedunung ing Indonesia.

0 komentar:

populer

Layak dibaca

IKUT TAMPIL....... BOLEH....?